Minggu, 23 September 2012

Bapak _ Lirik Lagu Campursari Didi Kempot


Judul Lagu : Bapak
Penyanyi : Didi Kempot

Lirik Lagu :

Rambut wis ra ireng
wis malih rupane
ireng dadi putih saikine
dino tambah dino
umur tambah tuo
nanging kyok kyok  ora diroso

Ngadeg dadi jagad
nyonggo piringe anak
mempeng kerjo ora mikir rogo
paribasan umur
wis akeh cacahe
nganti bingung anggonku ngitunge


Bapak...bapak...tekadmu kuwi tak puji

Bapak...bapak...kowe koyok senopati
Bapak...bapak...panasmu ngungkuli geni
Bapak...bapak...keno angin soyo ndadi

Senajan uwis tuwo nekad mempeng kerjo
nyambut gawe kanggo nguripi kluargo

"...bapak...senajan umurmu wis tuwo 
nanging tekadmu iso dadi tulodho,
aku anakmu mung biso memuji

Mugo mugo bapak tansah pinaringan bagaswaras
saking gusti ingkang moho kuwoso
kulo,Pak anak sampean..."

Tidak ada komentar:

Posting Komentar